Tugas sekolah pidato bahasa jawa - Kalian pernah melihat atau mendengarkan pidato yang di ucapkan seseorang didepan umum? Atau kalian pernah berpidato didepan banyak orang? untuk berpidato itu tidak sembarangan diucapkan. akan tetapi harus dibuat kalimat terstruktur agar para audiens mengerti tentang apa yang telah diucapkan.
Pada kali ini saya akan memberikan sebuah
pidato bahasa jawa untuk anda
yang ingin mengerjakan tugas Pr sekolah anda. pada dasarnya pidato itu intinya sama,
yang membedakan adalah bahasanya. misalkan bahasa indonesia berbeda
dengan bahasa jawa dan sebaliknya. oke langsung saja di simak pidato berikut ini :
1. Pidato Bahasa Jawa Tentang Lingkungan Sekolah
2. Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan
3. Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Puji soho syukur monggo kita unjukaken dhumateng allah SWT ingkang sampun paring nikmat lah hidayahipun kangge kita sedoyo, sehingga kita sedaya saget makempal wonten ing papan menika kanti kadaan sehat wal afiat. Solawat lan salam mugi katetepna dhumateng nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam dumateng para keluarga, sokhabat, lan sedoyo umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.
Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kinurmatan
Wonten ing mriki kula bade matur ingkang irah-irahan bahaya nipun ngagem narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang, kito sedoyo sampun katah mirengaken pawartos, ningali pawartosTV, menawi sok sinteno ingkang ngginaaken narkoba bade kenging bahayanipun narkoba kolo wau antawisipun bade ngrisak badan, kesehatan bade ka ganggu, pikiran boten saget jejek lan sanesipun gangguan .
Narkoba minongko obat ingkang dipun larang, sak jatosipun baten kapareng dipun sade kanti bebas, awit tumrap sok sinteno ingkang ngagem lan ngginakaken ateges piyambakipun sampun nglanggar paugeman lan saget dipun paring pidono. Awit meniko kulo ngajak monggo kito tebibi obat-obat terlarang meniko ampun ngantos kito cedak-cedak lan ngagem ingkang meniko ateges sampun kumowanton nglanggar aturan saking pamarentah.
Ciri-ciri tiang ingkang remen mengonsumsi narkoba inggih meniko :
1. Tiang ingkang remen menyendiri mboten remen menawi kempal tiyang katah.
2. Tiyang ingkang remen wonten kamar tertutup kanti nyetel music ingkang keras
3. Tiyang ingkang remen tongkrongan wonten pinggir mergi
4. Tiyang ingkang ngelompok wonten panggenan ingkang sepi.
5. Tiyang ingkang remen ngrokok inggih condong dumateng minum minuman keras lan narkoba.
Awit meniko kulo ngajak dumateng sedoyo rencang menawi manggihi sederek ingkang nggadahi ciri kadaos wonten ing nginggil kito kedah wicaksono, lan ampun ngantos kito ketularan dumateng tiyang ingkang nggadahi karemenan minum narkoba kolo wau.
Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tinjau saking kesehatan, sangat ngrugekaken dumateng badan kito, awit tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba meniko gampil kenging penyakit-penyakit, antawisipun gagal ginjal, jantung lan paru, sahinggo badan mboten sehat, lan inggakang paling bahaya inggih kawontenan pikiran mboten saget dikendalikan kanti sae, remen ngomong ingkang ngelantur, tindak tanduk kurang sopan lan sak penunggalipun, tiyang ingkang remen minum narkoba gadah kecenderungan ugal-ugalan lan kirang hormat dumateng tiyang sepuh lan sakkaminipun.
Tiyang mabuk mekaten mboten saged dipun control kesadaranipun, sak kepaenaipun piyambak lan sopan santun ingkang kirang, lan gadah kebiasaan ingkah rumaos paling hebat, naming sakjatosipun tansah ribet lan gampil sakit.
Awit menika kula ngajak dhumateng para warga masyarakat aja sepisan-pisano ngginaken narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang lan kita ginaaken wekdal kanthi sae lan diginaaken kangge hal-hal ingkang positif inggih punika : maca buku, olahraga sepak bola, olah raga bulu batminthon lan sakpanunggalane..
Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kula hormati
Kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken lan sebataken wonten ngajeng kolo wau, kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang. Mugi-mugi sesorahan wonten ing dinten menika migunani dhumateng kita sedoyo lan andhadosna kita tiang ingkang becek. Ana kupat lawuhe santen menawi wonten lepat kula nyuwon pangapunten..
Bilahitaufiq walhidayah
No comments for "Tugas Sekolah Pidato Bahasa Jawa"
Post a Comment